Senin, 05 Agustus 2013

Isih Labil

Bener wae nek aku ngarani blogku iki isih labil. Wiwit saka judul blog, alamate, lan isine uga miturutku isih labil lan durung jenak. Ibaratke wae yen blog iki bocah cilik, menawane ya wis saumuran bocah SMP-SMA sing biasane isih alay kanggo nggoleki jati dirine. Nanging amarga iki wujude blog dudu bocah, ya wis kaya ngene iki. Isine isish aneh-aneh, kurang cetha, amburadul bahasane. Yen miturutku uga nulis ning log ya ora kudu formal banget, sing penting informasi bisa diwaca karo pembaca. Simpel ngono wae, sing penting tujuane bisa kalaksanana.
Dina iki aku lagi kepengin nulis blog iki nganggo basa Jawa. Ora ngerti kenapa sansaya nyedaki dina kamardikan rasa sutresnaku marang tanah Jawa lan Indonesia sansaya ndadi. Kaya mengkono tak wujudake kanthi nulis ing blog iki kanthi basa Jawa, sing notabene yakuwi bahasa ibu-ku. Nanging merga iki ya ora forum formal, bahasane ya santai wae nganggo bahasa Jawa ngoko. Yen ana sing ora paham basa sing tak anggo ing blog iki, sumangga nyuwun pirsa kemawon. kula siap mbantu. Hahaha

Tidak ada komentar:

Posting Komentar